09/01/2026
Aku lungguh ing serambi wengi,
kitab Imrithi mbukak,
nadzomé cetha,
nanging atiku ora gelem manut terjemahan.
Guruku nate ngendika:
“Ngaji iku kudu tertib lan sabar,”
aku manut ing kitab,
nanging atiku kesusu nyimpang marang sliramu.
Saben bait tak waca alon-alon,
nanging jenengmu tansah nyelip
ing sela-sela makna,
kaya cathetan pinggir sing ora tau dijelaske.
Aku mikir:
apa iki mung ujian sabar,
utawa mung pikiranku sing kakehan kerja
nalika atiku kudu meneng?
Ing ngaji, salah harokat katon jelas,
ing tresna, salah krasa ora ana tandhane,
dumadakan wae ati dadi abot
tanpa ngerti sebabé saka ngendi.
Aku ora wani nyedhak,
ora amarga ora nduwe rasa,
nanging amarga aku isih santri
sing diajari njaga adab sadurunge njaga perasaan.
Wengi dadi dawa,
dudu amarga ora turu,
nanging amarga pikiranku mlaku-mlaku
tanpa pituduh lan tanpa bali.
Aku ndedonga luwih suwe tinimbang biyen,
dudu amarga aku luwih sholeh,
nanging amarga ana pitakon
sing ora wani tak ucapke marang sapa wae.
Yen sliramu pancen dudu jatahku,
muga Gusti paring legane ati
sing ora mung iso ngomong “ikhlas”,
nanging tenan-tenan iso nampa.
Aku ora njaluk nduweni sliramu,
aku mung njaluk tentrem
supaya ngaji ora keganggu rindu,
lan rindu ora ngrusak adabku.
Santri iki ora kelangan sapa-sapa,
mung kakehan mikir perkara
sing sakmesthine cukup dipasrahke
marang sing luwih ngerti makna pungkasan.
Lan yen mengko aku wis rampung karo pikiranku dhewe,
muga aku isih dadi santri
sing tetep andhap asor,
sanajan nate galau nganti suwé.